SUGENG RAWUH WONTEN ING BLOG MEDIA PEMBELAJARAN BASA JAWI KANGGE SMP KELAS VII

Ragam Krama: Pangertosan, Tuladha saha Titikanipun


Ragam Krama

Pangertosan  Ragam Krama

Pangertosan ragam Krama, inggih menika Unggah-ungguhing basa Jawi ingkang ngginakaken tembung Krama kangge gineman utawi wawan pangandikan. Ater-ater, seselan tuwin panambang ingkang dipunginakaken inggih ragam Krama. Wonten cak-cakanipun ragam Krama menika wonten werna kalih inggih menika Krama Lugu tuwin Krama Alus (Wibawa, dkk, 2004: 50). Wonten ing Baoesastra DJawi (1939: 248), Krama kn. : temboeng pakoermatan (ing oenggah-oengguhing basa).
Pamanggih sanesipun babagan pangertosan ragam Krama inggih menika salah satunggaling unggah-ungguh wonten basa Jawi menika. Wonten ragam Krama menika namung gadhah afiks awujud afiks Krama, tuladhanipun afiks dipun-, -ipun, kaliyan –aken (Sasangka, 2004: 104).
Ragam Krama Lugu asring kawastanan ugi ragam Madya. Tembung-tembung ingkang karonce wonten ing ukara tembung Krama saged dipuncampur kaliyan Ngoko, Madya, Krama, tuwin Krama Alus. Ingkang baku tembung-tembung ingkang rinonce ing ukara menika ingkang tumuju dhumateng tiyang ingkang dipunajak gineman dipunpendhet ragam Kramanipun lan trep kaliyan tataranipun supados saged ngaosi (Wibawa, dkk, 2004: 51). Ragam Krama Alus inggih menika unggah-ungguhing basa Jawi ingkang sadaya tembungipun ragam Krama utawi Krama Inggil. Ater-ater, seselan tuwin panambangipun inggih ngginakaken ragam Krama.

Tuladha Krama Lugu ugi Krama Alus

 

Tuladhanipun Krama Lugu
1.      Sampeyan napa sampun nate teng Sala?
2.      Mangga Yu, niku nyamikane ditedha ampun dikendelke mawon.

Ater-ater, seselan, tuwin panambang padatanipun inggih Ngoko, dene tembung-tembung Kramanipun kathah ingkang dipunwancah. Tuladhanipun tembung dhateng dados teng tembung-tembung Krama Alus ingkang dipunronce ing ukara minangka pakurmatan dhateng tiyang ingkang dipunajak wicara. Ragam Krama Lugu menika estunipun sami kaliyan ragam Madya jalaran mboten kapireng alus menawi kangge wawan ginem, tuladhanipun :

a)      Sing dipilih Sigit niku jurusan jurnalistik utawi perhotelan.

b)      Bank BNI niku mboten saged nglintoni arta Dolar.

Tembung niku  estunipun kalebet tembung Madya, dene tembung Krama 

Alusipun inggih menika tembung menika

Tuladhanipun Krama Alus

1.   Aksara jawi menika menawi dipunpangku dados pejah.

2.  Pak Guru taksih dereng kondur saking Jakarta, pramila para siswa sami sinau piyambak.

Tuladha ragam Krama Inggil ing inggil nedahaken bilih Krama Alus menika tembung-tembungipun ingkang ronce ing ukara sadaya ragam Krama utawi Krama Inggil. Mekaten ugi ater-ater, seselan, tuwin panembangipun ugi ragam Krama.

Basa Krama ugi saged dipunginakaken kangge pitepungan antawisipun tiyang enggal ingkang nembe kemawon pepanggihan, tuladhanipun:

Adi      : Nyuwun sewu Mas, kadosipun Panjenengan enggal nggih wonten dusun mriki?

Slamet : Nggih Mas, tepangaken kulo Slamet, kulo pindahan saking Turi.

Adi      : Kulo adi, ketua karang taruna mriki.

Slamet : O, nggih Mas, wonten menapa nggih?

Adi      : Nyuwun sewu Mas, namung badhe ngawontenakan pendataan pemuda

wonten dusun mriki, menawi kula ngampil KTP panjenengan kangge kula foto

kopi kados pundi?

Slamet : Nggih Mas, menika KTP kula.

Adi      : Sekedhap Mas, mangkih kula konduraken malih.

Saking pacelathon wonten nginggil menika, Adi nembeke mawon kepanggih kaliyan Slamet, ananging Adi ngangge basa Krama anggenipun pitepungan kaliyan Slamet, amarga Adi ngaosi Slamet. Saged dipunpirsani bilih ragam Krama langkung sae dipunginakaken wonten pacelathon menopo kemawon. Boten namung wonten pitepungan kemawon ananging ragam Krama ugi saged dipunginakaken wonten ing alat telekomunikasi mliginipun telpon. Kadosdene tuladha gineman wonten ing tilpun ngandhap menika.

Kring . . . .Kring . . . .Kring . .

Pak Endro      : halo . . sugeng siyang saged pinanggih kaliyan Pak Brata?

Bu Brata         : sugeng siyang, nuwun sewu saking sinten, nggih?

Pak Endro      : saking kula Bu, Pak Endro.

Bu Brata         : O, . . .Pak Endro, Bapak taksih wonten rapat wonten sekolahan.

Pak Endro  : mekaten, Bu. Kula badhe nyuwun pirsa babagan pagelaran wayang kulit.

Bu Brata        : O, . . .nggih samangke menawi Bapak kondur, kulo matur Pak

Endro nyuwun pirsa.

Pak Endro      : Matur nuwun Bu, sugeng siyang.

Bu Brata      : Nggih Pak, sami-sami. ( kapethik saking Budi Pakartining Basa 1 kanthi owah-owahan sawetawis).

Menika tuladha pacelathon mawi tilpun, saking pacelathon menika saged dipunpirsani bilih basa Krama ugi saged dipunginakaken dening tiyang wonten salebeting telpon. Sadaya wau ancasipun inggih menika kangge nedahaken raos kurmat dhateng tiyang ingkang dipunajak gineman.  Ragam Krama inggih saged dipunginakaken dening tiyang ingkang badhe nyuwun pirsa, dening murid dhateng Pak Guru, dhateng sinten kemawon, menika ugi kangge ngaosi tiyang ingkang dipunsuwuni pirsa. Tuladhanipun wonten ngandhap menika.

1.   Anak       : Bapak. Badhe nyuwun pirsa tata Kramanipun mlampah ngrumiyini tiyang       sepuh menika kados pundi?

Bapak    : kowe mlaku arep nglancangi wong tuwa prayogane uluk salam tembunge mangkene, “ mangga ngrumiyini”.

Anak        : O. ., mekaten Pak. Matur nuwun nggih Pak.

Bapak      : ya le, disinauni maneh ya.

2.   Adi       : Mas, badhe nyuwun pirsa, griyanipun Bu Susi ingkang pundi nggih?

Mas Tyo : O . ., Bu Susi griyane kae, omah sing cat biru madhep mangetan.

Adi           : Nggih Mas . .Matur nuwun sanget Mas.

Mas Tyo : ya dhik, sami-sami.

Tuladha pacelathon babagan nyuwun pirsa menika, ingkang sepisan anak nyuwun pirsa dhateng Bapakipun, ingkang kaping kalih tiyang ingkang sami-sami boten tepung. Menika ngandharaken bilih basa Krama saged dipunginakaken dening tiyang ingkang dereng tepung kangge gineman kalih tiyang sanesipun. Ngandhap menika wonten tuladha pacelathon antawisipun margana kaliyan Eyang Budaya ngrembag bab wayang.

Margana           : saleresipun ingkang dipunwastani wayang utawi ringgit menika menapa eyang?

Eyang Budaya : “O. . ., wayang iku seka tembung ayang-ayang. Mula wayang yen diolahake dhalang banjur katon ayang-ayange sing ana kelir. Apamaneh anggone nonton saka mburi kelir. Katon banget ayang-ayange sing endah. Mula wayang iku

asiling kabudayan Jawi kang banget adiluhung.

Margana          : “Adiluhung menika menapa utawa wonten pundi dununging adiluhung menika?”

Eyang Budaya  : “wah pinter tenan putuku iki. Adiluhung iku endah, duwe daya seni, yaiku seni swara, tari, tatah sungging. Wayang uga sarana panglipur lan piwulang. Cekake wayang bisa kanggo tuntunan lan tontonan.

Margana             : “wah hebat menawi ngaten budaya Jawi menika.”(Kaloka Basa 1 kangge kelas VII SMP/MTs kaca 44)

Gineman antawisipun tiyang sepuh kaliyan anak nginggil menika ugi salah satunggaling tuladha bilih basa Krama sae sanget dipunginakaken sinten kemawon. Saking sadaya tuladha menika wau, saged dipunpendhet dudutanipun bilih, basa Krama ugi gadhah ancas sanesipun ngaosi tiyang sanes, ugi kangge nuduhaken bilih tiyang Jawi menika menawi gineman tamtu ngginakaken tingkat tutur ingkang trep ugi basa Jawi ingkang langkung alus anggenipun ngginakaken basa kangge gineman, pitepungan, nyuwun pirsa, paprentahan, lan sapanunggalipun. Basa Jawi ugi wonten basa Ngoko boten namung basa Krama. Kekalih basa menika dipunginakaken dening tiyang Jawi jumbuh kaliyan kahanan ingkang dipunpanggihi. Wonten wayahipun, ngangge basa Ngoko, ananging langkung sae malih menawi asring ngangge basa Krama. 

video

Titikanipun Ragam Krama

1.      Tembung-tembung, ater-ater, seselan lan panambangipun Krama.

2.      Dipunginakaken kangge ngaosi tiyang sanes.

3.      Dipunginakaken dening tiyang ingkang sampun akrab utawa dereng.

4.      Dipunginakaken dening tiyang anem dhateng tiyang sepuh.

5. Dipunginakaken dening tiyang ingkang rumaos langkung andhap drajad sosialipun dhumateng tiyang ingkang langkung inggil drajadipun.

Basa Jawi mliginipun basa Krama menika langkung sae lan endah menawi dipunginakaken wonten gesang padintenan amarga basa Krama menika langkun nuduhaken bilih tiyang jawi menika langkung alus, sopan, kathah pamikiranipun saderengipun ngendika menapa kemawon, kaliyan ingkang wigatos sanget menawi basa Krama dipunginakaken wonten gesang padintenan, boten wonten tiyang sami duka kaliyan tiyang sanes, boten wonten malih tembung-tembung ingkang boten samesthinipun dipunpocapaken.


video


4 komentar:

  1. Basa Krama sae kang leres kangge bebrayan agung, kula inggih ugi sampun damel media pembelajaran babagan Kawruh Basa Jawa ugi kula sampun migunakake kangge kula majeng Mikro wonten ing kampus kula, medianipun awujud media Flash. isinipun Basa Ngoko, Basa Krama lan Krama Inggil, Kawruh Basa Bab anggota tubuh.

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur nuwun sampun komen wonten blog kula. . .
      mugi sami-sami gadhah manpangatipun kangge sadaya.

      Hapus
  2. isinya bermanfaat bagi saya yang belum terlalu paham bahasa jawa,terimakasih mas farid.

    BalasHapus