SUGENG RAWUH WONTEN ING BLOG MEDIA PEMBELAJARAN BASA JAWI KANGGE SMP KELAS VII

Ragam Ngoko: Pangertosan, Tuladha saha Titikanipun





Ragam Ngoko



Pangertosan Ragam Ngoko 

Unggah-ungguh basa Jawi saged dipunperang dados kalih inggih menika ragam Ngoko kaliyan ragam Krama. Miturut Wibawa dkk (2004: 49), Ragam Ngoko inggih menika wujud unggah-ungguhing basa Jawi kanthi ngginakaken tembung-tembung Ngoko. Mekaten ugi ater-ater, seselan, tuwin panambangipun inggih Ngoko. Wonten malih pangertosan ragam Ngoko saking Baoesastra DJawi (1939: 422), Ngoko kn: tanpa tata basa (pakoermatan) toemrap oenggah-oenggoehing basa (tetemboengan). Pamanggih sanesipun ragam Ngoko inggih menika ragam basa Jawi ingkang namung ngangge leksikon utawa kosakata Ngoko, mekaten ugi kaliyan afiks-ipun  ngangge afiks Ngoko (tuladhanipun di-, -e, lan –ake) (Sasangka, 2006: 94).

Ragam Ngoko menika wonten warni kalih, Ngoko Lugu lan Ngoko Alus. Ragam Ngoko Lugu inggih menika wujud unggah-ungguhing basa Jawi ingkang sadaya tembung-tembungipun ingkang rinonce ing ukara ngginakaken Ngoko sarta babarpisan mboten dipunlebeti tembung Krama Lugu, Krama Alus, utawi tembung Madya. Tembung-tembung Ngoko mekaten wau dipunterapaken dhateng tiyang gineman (01), ingkang dipunajak gineman(02), utawi ingkang dipunrembag (03) (Wibawa dkk. 2004: 49).

 Ragam Ngoko alus inggih menika unggah-ungguhing basa Jawi ingkang pangroncenipun ukara mboten namung ngginakaken tembung-tembung ngoko kemawon, ananging ugi ngginakaken tembung Krama utawi Krama Alus (Wibawa dkk. 2004: 50). Saking pangertosan ragam ngoko wonten ing nginggil menika saged dipunpendhet katrangan bilih ragam Ngoko tembung-tembung, ater-ater, seselan ugi panambangipun ngginakaken ragam Ngoko sadaya. Wonten Ngoko Alus menika boten namung ngginakaken tembung Ngoko, ananging ugi ngginakaken tembung Krama. Tembung Krama wonten ing ukara Ngoko Alus menika namung dipunginakaken kangge raos kurmat kemawon dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh menapa langkung dipunkurmati.

 

Tuladha Ngoko Lugu ugi Ngoko Alus



Tuladhanipun ukara Ngoko Lugu:

1.    Aku kulina turu awan,

2.    Kowe kulina turu awan,

3.    Dheweke kulina turu awan,

  Tembung-tembung kulina, turu tuwin awan wonten ukara(1-3) menika sadaya tembung Ngoko ingkang saged dipunginakaken dening tembung sesulih , aku, kowe, dheweke. Tuladha panganggenipun ater-ater, seselan tuwin panambang Ngoko wonten ing ukara:

1.      Akeh wit klapa sing ditegor kanggo balungan omah.

2.      Welinge wong tuwane cinathet ing atine.

3.      Sregep sinau dianggo njembarake kawruhe.

Tuladhanipun ukara Ngoko Alus:

1.   Mentri pendhidhikan sing anyar iku asmane sinten?

2.   Panjenengan mengko kudu nyuwun dhuwit marang Bapak.

Tuladha ukara Ngoko Lugu nginggil sanajan ngginakaken tembung Krama nanging underanipun menika kalebet ragam Ngoko, ananging kanthi ancas ngaosi. Katrangan: Mentri Pendhidhikan, amargi yuswanipun langkung sepuh dipunaosi kanthi mendhet tembung Krama Alus Asma. Dene kangmas dipunaosi kanthi Panjenengan. Sanajan saperangan ngginakaken tembung Krama, tetep ragamipun Ngoko. Titikanipun ater-ater, seselan tuwin panambang ingkang dipunginakaken inggih menika ragam Ngoko, tuladha:

1.      Bukune mau wis diwaos apa durung Pak?

2.      Kapan kondure Dhik?

3.      Andhi, koran iki diaturake Bapak dhisik.

  

Titikanipun ragam Ngoko

1.      Tembung-tembung, ater-ater, seselan lan panambangipun Ngoko.

2.      Dipunginakaken dening tiyang ingkang sampun akrab.

3.      Dipunginakaken dening tiyang sepuh dhateng tiyang anem.

4.      Dipunginakaken dening kangmas dhateng rayinipun.

5.      Dipunginakaken kaliyan lare kaliyan lare.

Ananging wonten blog menika namung badhe ngrembag babagan basa Jawi ragam Krama.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar