SUGENG RAWUH WONTEN ING BLOG MEDIA PEMBELAJARAN BASA JAWI KANGGE SMP KELAS VII

Gladhen: Pilihan Ganda, Pitakenan Cekak ugi Praktik Micara Ragam Krama

TUNTUNAN GLADHEN

1. Gladhen menika wonten kalih warna, gladhen pitakenan saha micara ngangge basa Krama.

2. Pitakenan pilihan ganda dipunwangsuli kanthi nyerat wangsulan a, b, c, utawa d. Wonten ing papan ingkag sampun dipunsamaptakaken ing ngandhap menika.

3. Pitakenan cekak dipunwangsuli kanthi nyerat wangsulan cekak aos wonten ing papan   ingkag sampun dipunsamaptakaken ing ngandhap menika.

4. Paugeran anggenipun biji para siswa kados wonten ngandhap menika:

a. Biji gladhen Pilihan Ganda 

    Saben wangsulan ingkang leres kaparingana biji = 2, ingkang lepat = 0

    Gunggungipun biji pilihan ganda: (wangsulan ingkang leres) x 2 = biji.

b. Biji gladhen Pitakenan Cekak

    Saben wangsulan ingkang leres kaparingana biji = 3, ingkang lepat = 0

    Gunggungipun biji pitakenan cekak: (wangsulan ingkang leres) x 3 = biji.

c. Biji gladhen micara

    Paugeranipun biji gladhen micara wonten werni kalih, inggih menika:

           1)   Ketepatan pelafalan, gunggungipun    = 25

           2)   Ketepatan intonasi, gunggungipun      = 25

                 Gunggungipun biji gladhen micara      = 50

5. Tata cara paring biji wonten ngandhap menika:

     Gunggungipun biji pilihan ganda, pitakenan cekak, gladhen micara :

     (wangsulan ingkang leres) ×100/100=100 

Gladhen micara basa Krama!

Dita         : “Bu, kula mireng bilih sekolah badhe ngawontenaken Persami, menika menapa leres, Bu?”                                                                

Bu Tatik   : “ Bener, sekolah pancen duwe rencana arep nganakake Persami kang wajib dieloni dening kelas VII. Rencanane arep ditindakake ing semester 2 wulan Mei taun iki ! Ngepasi nalika kelas XI padha Ujian Akhir Nasional.”

Dita         : “ Kelas VII wajib, lajeng kelas VIII kados pundi?”

Bu Tatik  : “Kelas VIII kena melu, nanging ora kabeh. Sing melu Dewan Penggalang wae. Mengkone bisa bantu anane Persami.”

Dita        : Umpami mbiyantu menapa Bu?”

Bu Tatik : “Umpamane bantuan ngawasi baris-berbaris, mbantu ngedegake tendha, njaga pos jurit  malam utawa kegiyatan liyane kang ora bisa diasta dhewe dening pembina.”

Dita        : Matur nuwun Bu, sampun bel, badhe mlebet kelas !”

Bu Tatik : “Iya, sing sregep !”

Dita        : “Inggih Bu, matur nuwun !”


2 komentar:

  1. gladhenipun inggih sae, menawi kersa kula inggih wonten Media Pembelajaran Media Flash Basa Jawa wonten ing Blog
    http://anaktersobo.blogspot.com/2012/12/flash-bahasa-jawa.html
    saged dipun download contonipun Media Flash Basa Jawa

    BalasHapus
  2. nggih matur nuwun mas topo, kulo sampun bikak blog panjenengan. blog panjenengan nggih sae sanget, saged kangge sinau sesarengan.

    BalasHapus