Ragam Krama
Pangertosan ragam Krama, inggih menika
Unggah-ungguhing basa Jawi ingkang ngginakaken tembung Krama kangge gineman
utawi wawan pangandikan. Ater-ater, seselan tuwin panambang ingkang
dipunginakaken inggih ragam Krama. Wonten cak-cakanipun ragam Krama menika
wonten werna kalih inggih menika Krama Lugu tuwin Krama Alus (Wibawa, dkk,
2004: 50). Wonten ing Baoesastra DJawi (1939: 248), Krama kn. : temboeng pakoermatan (ing oenggah-oengguhing basa).
Pamanggih
sanesipun babagan pangertosan ragam Krama inggih menika salah
satunggaling unggah-ungguh wonten basa Jawi menika. Wonten ragam Krama menika namung gadhah afiks awujud afiks Krama, tuladhanipun afiks
dipun-, -ipun, kaliyan –aken
(Sasangka, 2004: 104).
Ragam Krama
Lugu asring kawastanan ugi ragam Madya. Tembung-tembung ingkang karonce wonten
ing ukara tembung Krama saged dipuncampur kaliyan Ngoko, Madya, Krama, tuwin
Krama Alus. Ingkang baku tembung-tembung ingkang rinonce ing ukara menika
ingkang tumuju dhumateng tiyang ingkang dipunajak gineman dipunpendhet ragam
Kramanipun lan trep kaliyan tataranipun supados saged ngaosi (Wibawa, dkk,
2004: 51). Ragam Krama Alus inggih menika unggah-ungguhing basa Jawi ingkang
sadaya tembungipun ragam Krama utawi Krama Inggil. Ater-ater, seselan tuwin
panambangipun inggih ngginakaken ragam Krama.
Tuladha Krama Lugu ugi Krama Alus
Tuladhanipun
Krama Lugu
1. Sampeyan
napa sampun nate teng Sala?
2. Mangga
Yu, niku nyamikane ditedha ampun dikendelke mawon.
Ater-ater,
seselan, tuwin panambang padatanipun inggih Ngoko, dene tembung-tembung
Kramanipun kathah ingkang dipunwancah. Tuladhanipun tembung dhateng dados teng tembung-tembung Krama Alus ingkang dipunronce ing ukara
minangka pakurmatan dhateng tiyang ingkang dipunajak wicara. Ragam Krama Lugu
menika estunipun sami kaliyan ragam Madya jalaran mboten kapireng alus menawi
kangge wawan ginem, tuladhanipun :
a) Sing
dipilih Sigit niku jurusan jurnalistik utawi perhotelan.
b) Bank
BNI niku mboten saged nglintoni arta Dolar.
Tembung niku estunipun kalebet tembung Madya, dene tembung
Krama
Alusipun inggih menika tembung menika.
Tuladhanipun
Krama Alus
1. Aksara
jawi menika menawi dipunpangku dados pejah.
2. Pak
Guru taksih dereng kondur saking Jakarta, pramila para siswa sami sinau piyambak.
Tuladha ragam Krama
Inggil ing inggil nedahaken bilih Krama Alus menika tembung-tembungipun ingkang
ronce ing ukara sadaya ragam Krama utawi Krama Inggil. Mekaten ugi ater-ater,
seselan, tuwin panembangipun ugi ragam Krama.
Basa Krama ugi saged dipunginakaken
kangge pitepungan antawisipun tiyang enggal ingkang nembe kemawon pepanggihan,
tuladhanipun:
Adi : Nyuwun sewu Mas, kadosipun Panjenengan
enggal nggih wonten dusun mriki?
Slamet : Nggih Mas, tepangaken kulo Slamet, kulo
pindahan saking Turi.
Adi : Kulo adi, ketua karang taruna mriki.
Slamet : O, nggih Mas, wonten menapa nggih?
Adi : Nyuwun sewu Mas, namung badhe
ngawontenakan pendataan pemuda
wonten dusun mriki, menawi
kula ngampil KTP panjenengan kangge kula foto
kopi kados pundi?
Slamet : Nggih Mas, menika KTP kula.
Adi : Sekedhap Mas, mangkih kula konduraken
malih.
Saking pacelathon
wonten nginggil menika, Adi nembeke mawon kepanggih kaliyan Slamet, ananging
Adi ngangge basa Krama anggenipun pitepungan kaliyan Slamet, amarga Adi ngaosi
Slamet. Saged dipunpirsani bilih ragam Krama langkung sae dipunginakaken wonten
pacelathon menopo kemawon. Boten namung wonten pitepungan kemawon ananging
ragam Krama ugi saged dipunginakaken wonten ing alat telekomunikasi mliginipun
telpon. Kadosdene tuladha gineman wonten ing tilpun ngandhap menika.
Kring . . . .Kring
. . . .Kring . .
Pak Endro : halo . . sugeng siyang saged pinanggih
kaliyan Pak Brata?
Bu Brata : sugeng siyang, nuwun sewu saking
sinten, nggih?
Pak Endro : saking kula Bu, Pak Endro.
Bu Brata : O, . . .Pak Endro, Bapak taksih
wonten rapat wonten sekolahan.
Pak Endro : mekaten, Bu. Kula badhe nyuwun pirsa
babagan pagelaran wayang kulit.
Bu Brata : O, . . .nggih samangke
menawi Bapak kondur, kulo
matur Pak
Endro nyuwun
pirsa.
Pak Endro : Matur nuwun Bu, sugeng siyang.
Bu Brata : Nggih Pak, sami-sami. ( kapethik
saking Budi Pakartining Basa 1 kanthi owah-owahan sawetawis).
Menika tuladha
pacelathon mawi tilpun, saking pacelathon menika saged dipunpirsani bilih basa
Krama ugi saged dipunginakaken dening tiyang wonten salebeting telpon. Sadaya
wau ancasipun inggih menika kangge nedahaken raos kurmat dhateng tiyang ingkang
dipunajak gineman. Ragam Krama inggih saged dipunginakaken dening tiyang
ingkang badhe nyuwun pirsa, dening murid dhateng Pak Guru, dhateng sinten
kemawon, menika ugi kangge ngaosi tiyang ingkang dipunsuwuni pirsa.
Tuladhanipun wonten ngandhap menika.
1. Anak : Bapak. Badhe nyuwun pirsa tata
Kramanipun mlampah ngrumiyini tiyang sepuh menika kados pundi?
Bapak : kowe mlaku arep nglancangi wong tuwa
prayogane uluk salam tembunge mangkene, “ mangga ngrumiyini”.
Anak : O. ., mekaten Pak. Matur nuwun nggih
Pak.
Bapak : ya le, disinauni maneh ya.
2. Adi : Mas, badhe nyuwun pirsa, griyanipun
Bu Susi ingkang pundi nggih?
Mas
Tyo :
O . ., Bu Susi griyane kae, omah sing cat biru madhep mangetan.
Adi : Nggih Mas . .Matur nuwun sanget
Mas.
Mas
Tyo :
ya dhik, sami-sami.
Tuladha pacelathon
babagan nyuwun pirsa menika, ingkang sepisan anak nyuwun pirsa dhateng
Bapakipun, ingkang kaping kalih tiyang ingkang sami-sami boten tepung. Menika
ngandharaken bilih basa Krama saged dipunginakaken dening tiyang ingkang dereng
tepung kangge gineman kalih tiyang sanesipun. Ngandhap menika wonten tuladha
pacelathon antawisipun margana kaliyan Eyang Budaya ngrembag bab wayang.
Margana : saleresipun ingkang dipunwastani
wayang utawi ringgit menika menapa eyang?
Eyang Budaya : “O. . ., wayang iku seka
tembung ayang-ayang. Mula wayang yen diolahake dhalang banjur katon
ayang-ayange sing ana kelir. Apamaneh anggone nonton saka mburi kelir. Katon
banget ayang-ayange sing endah. Mula wayang iku
asiling
kabudayan Jawi kang banget adiluhung.
Margana : “Adiluhung menika menapa utawa wonten
pundi dununging adiluhung menika?”
Eyang Budaya : “wah pinter tenan putuku
iki. Adiluhung iku endah, duwe daya seni, yaiku seni swara, tari, tatah
sungging. Wayang uga sarana panglipur lan piwulang. Cekake wayang bisa kanggo
tuntunan lan tontonan.
Margana : “wah hebat menawi ngaten budaya Jawi
menika.”(Kaloka Basa 1 kangge kelas VII SMP/MTs kaca 44)
Gineman antawisipun
tiyang sepuh kaliyan anak nginggil menika ugi salah satunggaling tuladha bilih
basa Krama sae sanget dipunginakaken sinten kemawon. Saking sadaya tuladha
menika wau, saged dipunpendhet dudutanipun bilih, basa Krama ugi gadhah ancas
sanesipun ngaosi tiyang sanes, ugi kangge nuduhaken bilih tiyang Jawi menika
menawi gineman tamtu ngginakaken tingkat tutur ingkang trep ugi basa Jawi
ingkang langkung alus anggenipun ngginakaken basa kangge gineman, pitepungan,
nyuwun pirsa, paprentahan, lan sapanunggalipun. Basa Jawi ugi wonten basa Ngoko
boten namung basa Krama. Kekalih basa menika dipunginakaken dening tiyang Jawi
jumbuh kaliyan kahanan ingkang dipunpanggihi. Wonten wayahipun, ngangge basa
Ngoko, ananging langkung sae malih menawi asring ngangge basa Krama.
Titikanipun Ragam Krama
1. Tembung-tembung,
ater-ater, seselan lan panambangipun Krama.
2. Dipunginakaken
kangge ngaosi tiyang sanes.
3. Dipunginakaken
dening tiyang ingkang sampun akrab utawa dereng.
4. Dipunginakaken
dening tiyang anem dhateng tiyang sepuh.
5. Dipunginakaken
dening tiyang ingkang rumaos langkung andhap drajad sosialipun dhumateng tiyang
ingkang langkung inggil drajadipun.
Basa Jawi
mliginipun basa Krama menika langkung sae lan endah menawi dipunginakaken
wonten gesang padintenan amarga basa Krama menika langkun nuduhaken bilih
tiyang jawi menika langkung alus, sopan, kathah pamikiranipun saderengipun
ngendika menapa kemawon, kaliyan ingkang wigatos sanget menawi basa Krama
dipunginakaken wonten gesang padintenan, boten wonten tiyang sami duka kaliyan
tiyang sanes, boten wonten malih tembung-tembung ingkang boten samesthinipun
dipunpocapaken.
Basa Krama sae kang leres kangge bebrayan agung, kula inggih ugi sampun damel media pembelajaran babagan Kawruh Basa Jawa ugi kula sampun migunakake kangge kula majeng Mikro wonten ing kampus kula, medianipun awujud media Flash. isinipun Basa Ngoko, Basa Krama lan Krama Inggil, Kawruh Basa Bab anggota tubuh.
BalasHapusmatur nuwun sampun komen wonten blog kula. . .
Hapusmugi sami-sami gadhah manpangatipun kangge sadaya.
isinya bermanfaat bagi saya yang belum terlalu paham bahasa jawa,terimakasih mas farid.
BalasHapusmatur nuwun sanget.
BalasHapusIng antawisipun tembung menika pundi ingkang leres?
BalasHapus"matur nuwun menapa matur suwun","nuwun sewu menapa nyuwun sewu"?