1. Gladhen menika wonten kalih warna, gladhen pitakenan saha micara ngangge basa Krama.
2. Pitakenan pilihan ganda dipunwangsuli kanthi nyerat wangsulan a, b, c, utawa d. Wonten ing papan ingkag sampun dipunsamaptakaken ing ngandhap menika.
3. Pitakenan cekak dipunwangsuli kanthi nyerat wangsulan cekak aos wonten ing papan ingkag sampun dipunsamaptakaken ing ngandhap menika.
4. Paugeran anggenipun biji para siswa kados wonten ngandhap menika:
a. Biji gladhen Pilihan Ganda
Saben wangsulan ingkang leres kaparingana biji = 2, ingkang lepat = 0
Gunggungipun biji pilihan ganda: (wangsulan ingkang leres) x 2 = biji.
b. Biji gladhen Pitakenan Cekak
Saben wangsulan ingkang leres kaparingana biji = 3, ingkang lepat = 0
Gunggungipun biji pitakenan cekak: (wangsulan ingkang leres) x 3 = biji.
c. Biji gladhen micara
Paugeranipun biji gladhen micara wonten werni kalih, inggih menika:
1) Ketepatan pelafalan, gunggungipun = 25
2) Ketepatan intonasi, gunggungipun = 25
Gunggungipun biji gladhen micara = 50
5. Tata cara paring biji wonten ngandhap menika:
Gunggungipun biji pilihan ganda, pitakenan cekak, gladhen micara :
(wangsulan ingkang leres) ×100/100=100