Ragam Krama
Pangertosan ragam Krama, inggih menika
Unggah-ungguhing basa Jawi ingkang ngginakaken tembung Krama kangge gineman
utawi wawan pangandikan. Ater-ater, seselan tuwin panambang ingkang
dipunginakaken inggih ragam Krama. Wonten cak-cakanipun ragam Krama menika
wonten werna kalih inggih menika Krama Lugu tuwin Krama Alus (Wibawa, dkk,
2004: 50). Wonten ing Baoesastra DJawi (1939: 248), Krama kn. : temboeng pakoermatan (ing oenggah-oengguhing basa).
Pamanggih
sanesipun babagan pangertosan ragam Krama inggih menika salah
satunggaling unggah-ungguh wonten basa Jawi menika. Wonten ragam Krama menika namung gadhah afiks awujud afiks Krama, tuladhanipun afiks
dipun-, -ipun, kaliyan –aken
(Sasangka, 2004: 104).
Ragam Krama
Lugu asring kawastanan ugi ragam Madya. Tembung-tembung ingkang karonce wonten
ing ukara tembung Krama saged dipuncampur kaliyan Ngoko, Madya, Krama, tuwin
Krama Alus. Ingkang baku tembung-tembung ingkang rinonce ing ukara menika
ingkang tumuju dhumateng tiyang ingkang dipunajak gineman dipunpendhet ragam
Kramanipun lan trep kaliyan tataranipun supados saged ngaosi (Wibawa, dkk,
2004: 51). Ragam Krama Alus inggih menika unggah-ungguhing basa Jawi ingkang
sadaya tembungipun ragam Krama utawi Krama Inggil. Ater-ater, seselan tuwin
panambangipun inggih ngginakaken ragam Krama.
Tuladha Krama Lugu ugi Krama Alus